Senin, 08 Juli 2013

GURITAN WULAN AJI

Putuku,
Delengen neng ngarepan kana,
lawangan depajang maen angger  desawang
umbul-umbul janur duwur mlengkung pating pengkelung
pertanda paring pakurmatan maring para tamu.

Pahit madu sinungging ing pasuryan
sinambut ungeling gendhing cinampur dadi sarine
Para tamu rawuh tindak jumangkah
lon alon linambaran longgaring penggalih
saperlu paring berkah pangestu kanti tulusing kalbu,
arta winungkus dlancang seta lumebetake ing guci pinaes asri
kanggo sarana kekenceng tali silaturahmi.

Putuku,
Ari siki sliramu wis winisuda dadi kaluwarga enggal
kanti sineksenan sadaya sanak kadang datan gothang.
Sugeng silaning akrami, mugia rahmating Gusti lumuntur salaminipun.

Putuku, delengen sengareping lawang ageng
pinasang pepaesan ngemu piwulang gesang kang pantes tinuladan.
Pisang raja gagah ngadeg jejeg jinagang-jagang
pamrih adil kaya raja kang ambeg parama arta
anggonmu ngolah bale somah.

Tebu wulung tinalenan kenceng neng tengen-kiwaning lawang
cengkir gadhing sinandhing gumlindhing ing pinggiring jubin.
Ngemu karep murih kanti manteping kalbu, lan kencenging pikir
anggonmu ngendaleni bale wisma,
tan kentir kenang ombaking samudra hawa kanepson.
Kabeh kuwe kangga sarana mulyaning gesang bebrayan.

Putuku,
sanajan sliramu wus madeg bale wisma sarira
nanging piwulang para pinandhita tan kena supe
iman lan takwa kuwe marganing gesang ingkang adi luhung
Pungkasing catur pinisepuh asesuluh
dadi penganten kuwe seneng,
ningen ora pareng seneng dadi penganten.

 Purwokerto,  12 November 2011










Tidak ada komentar:

Posting Komentar