Rabu, 10 Juli 2013

PASRAH ....



Duh Gusti, saestu kula mboten ngerti
duh Biyung, inyong dadi bingung,
Ramane, inyong kon kepriwe kiye
melas, nlangsa, gregeten, kebangeten
campur bawur memper sawur.

Duh Gusti, saestu kula mboten ngerti.
jaman seniki musibah deneng wonten teng pundi-pundi
mboten teng redi, mboten teng kali utawi teng gili
mboten teng desa mboten teng kota utawi segara
sedaya damel sengsara kula sedaya.

Gunung mbledhug, ana lindhu sedina ping pitu ...... likur,
Udane neng dhuwur, kotane blabur
Banjir bandhang nggawa barang pirang-pirang .... ilang
Blabur belet tetep ora gelem debumpet ..... marahi mumet.

Neng dalan kendaraan padha tabrakan
korban klekaran, getih blawahan, wong-wong rebutan ........ penjarahan
prahu kerem, penumpange kelem, nakodane mung merem
alas kobong, umah kobong, marahi atine ora bombong.

Inyong ora bakalan kelalen, sedina sewise bada
brug gantung Baturaden ya melu baen
taline pedhot, wong lanang wadon padha keplorot
Inalillahi wainaillaihi raji’un.

Duh Gusti Allah …
napa kula titah sing kathah salah
kathah prentah sing mboten klampah
kula mung pasrah ........

 Brug beton Baturaden kiye sing nggo nggati brug gantung sing pedhot pas dina bada

2 komentar: