Senin, 05 Agustus 2013

BADA ORA MUDIK

Bada tahun kiye bang Andi Mamiri ora balik mudik maring Sulawesi Selatan tepate kota Makasar. Ora merga kekurangan sangu kuwe ora, wong bang Andi bar nampa THR sekang kantore, tapi merga bojone, yu Kaitem sing mopo po ora gelem dejek balik mudik ketemu wong tuwane apa dene sedulur-sedulur . Pokoke si Kaitem wis kapok, apa maning angger kelingan dhong sepisanan maring nggone mertuane neng Makasar kana.
Bang Andi Mamiri, sing pawakane madan gedhe dhuwur kuwe pancen asal lan asli sekang Daerah Makasar Sulawesi Selatan lan maune kuliah neng Fak. Ekonomi Unsoed Purwokerto. Dhong pas KKN neng desa Tinggarjaya Jatilawang bang Andi Mamiri kenalan karo si Kaitem prawan desa kono. Bocahe ayu nemen si ora, tapi keton resik kerumat, wektu semana nembe klas III neng SMEA Wijaya Kusuma Jatilawang. Rampung KKN bocah loro, bang Andi karo Kaitem padha pacaran, lan gole pacaran ya derestoni neng wong tuwane si Kaitem.
Kira-kira telung tahun kepungkur, sewise bang Andi lulus lan cekel gawe, bocah loro banjur padha nikahan. Ora let suwe si Kaitem meteng lan awal tahun kepungkur si Kaitem nglahirna jabang bayi lanang glempo pisan. Bada tahun kepungkur bayi umur 8 wulan degawa mudik meng desane bang Andii neng Makasar.
Bang Andi ngrumangsani lamona perkawinane deweke karo Kaitem kuwe perkawinan antar 2 rumpun budaya dadi akeh adat tradisi sing madan beda. Mulane sedurunge mangkat mudik bang Andi wis wanti-wanti maring bojone, aja nganti nglanggar adat tadisi wong tuwane neng Makasar mengko. Mulane bang Andi prentah bojone kon manut baen anggere arep deapak-apakna, lan si Kaitem ya mung manut baen. Sing penting slamet ora ana alangan apa-apa.
Temenan, neng Makasar neng nggone mertuane. si Kaitem persis kaya si Onong, kon ngapa-apa ya manut, kon mangan panganan apa-apa ya ora nolak. Sedina, rong dina, telung dina meh gutul seminggu, aman ora ana masalah apa-apa. Tapi mbareng gutul dina sing ping sepuluh, bar adzan asar, bang Andi pas bali sekang pasar tuku persiapan nggo balik meng Jawa, bang Andi kaget sangkete.
Karo tudhing-tudhing maring Kaitem bojone karo moni-moni: “Kaitem .. ko ya manut baen dekaya kuekna neng Bapake inyong”. “Lha jerene inyong kon manut baen, mbok nglanggar adat tradisi” semaure Kaitem karo mbopong anake sing umur 6 wulanan. Bang Andi, raine abang mangar-mangar karo cung-cung maring bapake karo moni-moni: “Dasar orang tua tak tahu diri ..”.
Pak Bonang, bapake bang Andi kanti tenang semaur: “Yang nggak tahu diri kan kamu .. “. Pak Bonang banjuran ngungkit jamane bang Andi esih bayi, jere nganti 2 taun Andi ngenyoti susune bojone pak Bonang dejorna baen, ningen bareng siki pak Bonang urung nganti 2 menit ngenyot susune bojone Andi, si Andi wis moni-moni ora karuan. Karo ngloyor pak Bonang moni: “Dasar anak tidak tahu diuntung ….”.

MAAF, KIYE ANU MUNG GUYON LHO

Tidak ada komentar:

Posting Komentar