Kamis, 29 Agustus 2013

PENGANTEN RUNGAL



Jaman gemiyen (inyong ya egin menangi) neng tlatah Banyumas ana tradisi sing desebut Penganten Rungal utawa Rungalan. Penganten Rungal utawa rungalan kuwe detindakna angger penganten wadon egin duwe kakang sing urung tau nikah utawa dadi penganten. Kejaba dheweke (si Rungal) olih gawan penganggo sepengadeg, uga pas jejer penganten, penganten rungal kuwe ya dejagongna neng tengah-tengah antara penganten lanang karo penganten wadon. Acara ritual kuwe kanggo bukti pengormatan sekang penganten maring kakange sing durung dadi penganten tuwe .....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar