Mitro Nggedebus ....
Jaman kuna alias jamane aku urung ana, ana wisatawan
Landa plesir maring Purakerta debatiri neng pemandhu wisata lanang jenenge kang
Mitro. Oh iya .. wisatawan Landa kuwe jenenge si Bonilem, mbuh apa artine,
ndeane tah “delomboni gelem”. Gumun inyong Landane kuwe koh wis pinter basa
penginyongan.
Gejrud sekang sepur Bonilem clingak-clinguk kaya kethek
detulup. Ora let suwe banjur mesem weruh lan mereki tulisan neng kardhus sing
moni “BONILEM” degawa neng kang Mitro. Sewise salaman wong loro banjur padha neng
kantin, kandhahan umyek pisan, kaya batir lawas sing suwe ora ketemu.
Ora let suwe sewise rampung gole padha medangan, wong
loro banjur metu sekang setasiun, jejeran mlaku meng ngetan mlodhos gili
tumpang mereki pinggir kali. Neng pinggir kali kayong arep nyabrang. Kathok
delinthing, sepatu decangking nyabrak banyu. Neng tengah kali wong loro padha
mandheg merga ana welulang dawa keli. Si Bonilem takon maring kang Mitro: “Apa
si kuwe kang?”. “Kuwe anu welulang kebo sing degawe ban (sabuk) jaran”
wangsulane kang Mitro. Bonilem nyambung omongan: “Angger kaya kuwe kali kiye
mbesuke dejenengi kali Banjaran baen ya kang?”. “Kali Banjaran, apik kuwe. Oke
lah” wangsulane kang Mitro, Wong loro banjur padha salaman kenceng tandha setuju.
Bar nyabrang kali wong loro kedhimik-kedhimik mlaku
ngetan, gutul prapatan padha bingung, arep ngalor, ngetan apa ngidul. Sidane
wong loro banjur nerusna laku maring ngidul. Urung adoh sekang prapatan lakune
kang MItro karo Bonilem dendheg neng petugas, sing cara jaman sikine ya Satpol
PP. “Hop .. hop .. hop .. mandheg .. mandheg. Endi KTPne, ngeneh inyong ndeleng”.
Kang Mitro terus nidhokna KTPne. Ora nganti omong apa-apa
wong loro terus kon nerusna laku. Gole mlaku tembe pirang jangkah, si Bonilem
nyawel pundhake kang MItro karo ngomong: “Apike dalan cilik sing mau nggo
umpetan ptugas kae dejenengi dalan Hopan baen ya kang”. “Lha kenang apa si?”
pitakonane kang Mitro. Karo ngguyu Bonilem semaur: “Lha kae si mau petugase kan
ngomong .. Hop .. hop .. hop ..”. “kaya kuwe ya apik” semaure kang Mitro.
Wong loro banjur nerusna laku maring ngidul. Lagi baen
sikile jemangkah wis ana delengan sing marahi dadi curiga. “Kenang apa neng
pretelon ngarep kae petugase padha ngadeg mungkur, madhep nganah kabeh?” pitakonane
si Bonilem. “Lha ya mayuh parani baen ben jelas” wangsulane kang Mitro. Mbareng
gutul pretelon kuwe wong loro koh dejorna baen ora detakoni apa-apa, Gandheng
kaya kuwe dadine jang Mitro usul mbesuk dalan sing meng ngetan kuwe dejenengi
dalan Pungkuran baen. Wong loro banjur salaman tandha setuju.
Salaman
tangane urung ucul, sekang kidul krungu ana wong padha surak rame pisan. Mulane
wong loro kuwe mau banjur gipyak mengidul arep ndeleng sing marahi wong-wong
padha surak kuwe apa. Jebulane neng alun-alun lagi ana tandhingan pencak
antarane perguruan Cilongok karo perguruan Cikebrok. Salah siji pesilate
detendhang meng ngetan dhuwur pisan tiba kemrosak temangsang neng wit wetan
alun-al;un. Kang Mitro krisik-krisik maring Bonilem: “Angger kaya kuwe gili
wetan alun-alun kae mbesuk dejenengi dalan Raga Semangsang baen lah ya”, wong
loro banjur padha salaman kenceng.
Ora let suwe mbareng wis jelas ana sing kalah, tandhingan
pencak silat kuwe banjur delerena tandha wis rampung alias wis ora ana jago
sing arep dedu maning. Wong-wong sing nonton pencak banjur padha bubar balik
maring umahe dhewek-dhewek neng desane dhewek-dhewek.
Wong loro, kang Mitro karo Bonilem terus mlaku urut
pinggir kulon alun-alun maring ngidul. Gutul pojok kidul kulon alun-alun si
Boniman nyawel pundhake kang MItro karo krisik-krisik: “Kang kae wetan ana
prawan ayu, rika kenal karo prawan kae apa ora kang?”. Kang Mitro nylinguk
ngetan. bener ana bocah wadon mloes ngadeg neng kidul gili. “Kayong inyong wis
kenal bocah kae”, batine kang Mitro.
Ora let suwe karo ngemek bathuk kang Mitro ngomong: “Iya,
inyong kemutan, kae jenenge mba Rita, anake juragan gedhang pasar Ajibarang,
indekos neng ngarep umah inyong, angger ngomong sering nyebut tembung mol-mol,
mulane neng batir-batire deundang Rita mol”. Boniman enggal bae gole nyaut: “Aha
.. angger kaya kuwe, apike mbesuk neng kono debangun Rita mol baen ya kang”.
Wong loro padha latahan banjur tos, tanda setuju.
Bar kuwe wong loro banjur mlaku alon-alonan meng ngulon,
kang Mitro neng ngarep Bonilem neng burine. Kena darani mlaku lagi pirang
jangkah si Bonilem nyebut: “Adhuh biyung, inyong kesunggah”. “O, Landa kere,
mlaku-mlaku ya mung nganggo sandhal jepit sing wis tipis” batine kang Mitro
karo thongkrong nulungi Bonilem ndudut paku sing temanclep neng sandhal jepit.
“Lha kiye .. anu paku njaran” omonge kang Mitro karo nidhokna
paku lancip “kiye mesthi paku jarane wong Karanglewas sing ngetan-ngulon
bolak-balik maring pasar Wage” teruse kang Mitro. “Apa kuwe?” pitakonane
Bonilem “Paku njaran, angger kaya kuwe nggo kenang-kenangan inyong kesunggah,
apike mbesuk neng kene debangun pakunjaran bae ya kang, nggo ngukum maling”.
Kang Mitro ora semaur, mung manthuk-manthuk tandha setuju.
Si Bonilem egin njagong nglemprak neng pinggir gili karo
mejeti tlapakan sikile nganti metu getihe kon sangkane ora tetanus. “Kiye, ketimbangane
nglemprak neng pinggir gili kaya kuwe, mendhing mayuh mlaku ngonoh ngulon mampir
neng warung madhang” usule kang Mitro. Bonilen
terus menyat, karo dhengklangan mlaku ngetutna kang Mitro.
Gutul pretelon cilik wong loro menggok ngidul maring
pasar cilik pasar krempyeng sing bukake mung sekrempyengan, ningen uga egin ana
warung wedang sing biasa bukak nganti sore. “ Wedang clebek loro, rames loro
yu” tembunge kang Mitro maring bakule kayong wis kulina pisan. “Lawuhe apa
kang?” pitakone bakule, “Oseng karo tempe srapah baen”. wangsulane kang MItro.
Karo ngenteni pesenane teka, Bonilem mbukak ples njiot
gorengan selembar langsung depangan. “Gurih, enak” komentare Bonilem “Apa kiye
kang” takon maring kang Mitro karo nidhokna gorengan sing depangan kuwe. “Kripik,
tempe degoreng” wangsulane kang Mitro. Entong kripike Bonilem mbukak tutup
piring sing neng ngarepe clekut njiot selembar langsung decokot. “Wah kiye ya
enak uga kang, apa kiye kang?” pitakonane Bonilem. “Mendhoan, tempe degoreng
ora garing” kang Mitro njelasna. “Gujih temen kiye wong, apa-apa detakokna”
batine kang Mitro. Bonilem manthuk-manthuk karo njiot selembar maning.
Ora let suwe mbekayu bakul ngladhekna wedang karo ramesan
neng meja nggo wong loro. Bonilem nyruput wedang, kepanasen. Kang Mitro nyuntek
wedang neng lepek kon adhem dhisit. Si Bonilem gole madhang keton dhokoh pisan
kaya wong suren. Batine kang Mitro: “Wong koh wadhuke amba temen, apa-apa
teyeng mlebu”.
Bonilem muncu-muncu merga sega sing neng cangkem urung
deleg, karo ngecungna panganan, Bonilem takon maring kang Mitro: “Kang. kiye
panganan apa koh enak temen”. “Kuwe tempe goreng srapah, tempe degoreng ora
deglepungi” wangsulane kang Mitro madan kesuh. Krungu semauran kaya kuwe
Bonilem manthuk-manthuk karo kaya ana sing depikir.
Sewise madhang rampung, karo nerusna medang Bonilem
mbukak omongan: “Kang, pasar kiye si pasar apa, deneng sepi temen?”. “Ya sepi
lah, wong pasar krempyeng bukake ya mung sekrempyengan, sedhela bubar”,
wangsulane kang Mitro. “Ora, maksud inyong jenege pasar apa?”, Bonilem takon
maning. “Ora ana jenenge, ana apa si?”, kang Mitro genti takon. “Kepriwe angger
pasar kiye dejenengi pasar Pereng alias pasar tempe goreng, kan neng kene akeh
tempe gorenge” Bonilem genti takon. Saking jane wis bebeh kandhahan, kang Mitro
semaur sekenane: “Lah kaya kuwe ya kena”.
Ketone
si Bonilem egin penasaran babagan tempe goreng, mulane dheweke ngomong maring
kang Mitro: “Kang, inyong ngemben angger bali kepengin nggawa olih-olih tempe
goreng, apike si tuku neng endi ya?”. Dhasare kang Mitro pancen egin madan
kesuh, mulane semaure ya keton madan dhoso: “Tempe mentah tuku neng pasar,
tempe goreng tuku neng warung, tempe bosok ngarah bae neng kuburan”.
Sewise
madan suwe gole ngaso jagongan, lan segane ya wis mudhun, wong loro leyed-leyed
mlaku ngulon. Neng-nengan keton kang Mitro egin bebeh kandhahan. Semana uga si
Bonilem meneng mbuh lagi ngalamun apa nganti kaget mbareng kang Mitro
ngorong-orong ngundangi batire, sing lagi mlaku neng lor gili wis kepara madan
ngulon perek pretelon sing maring ngalor. “Bang .. bang ….”, tapi kayonge sing
deundang ora krungu apa ora ngerti. Mulane kang Mitro karo keprok-keprok ngorong-orong lewih seru maning ngundang:
“Bang .. bang .. Bri .. Bri .. bang Febri” tapi sing deundang tetep ora krungu.
Krungu
kang Mitro ngorong-orong “Bang .. bang .. Bri .. Bri .. bang Febri” kaya kuwe, Si
Bonilem karo manthuk-manthuk mesam-mesem nyawel pundhake kang Mitro karo
ngomong: “Kang .. angger kaya kuwe kayane neng pojokan pretelon kana kae apike
mbesuk debangun gedhong bank BRI baen ya kang” tapine kang Mitro ora
nggople-nggoplea karo terus mlaku ngulon.
Butul
pretelon gili sing maring ngidul wong loro padha mandheg, kayane bingung arep
terus ngulon apa menggok ngidul. Bonilem banjur takon maring kang Mitro: “Kang,
angger ngulon ana apa?”. Neng kono, neng totogan gili sekang lor kuwe daleme
mbah Kodim, manten prejurit kraton Pasirluhur” wangsulane kang Mitro. Si
Bonilem cepet nyaut: “Angger kaya kuwe, nggo ngormati jasane mbah Kodim, mbesuk
neng kono apike nggo kantor KODIM bae ya kang?”. “Cocok bin setuju” wangsulane
kang Mitro mantep.
“Lha
angger meng ngidul gutul ngendi kang?” pitakone si Bonilem. “Ya gutul segara
kidul ya”, wangsulane kang Mitro. “Angger kaya kuwe meng ngidul bae ya kang,
sapa ngerti ketemu prawan ayu ya kang, kan lumangyan kena nggo ngumbah mripat”,
jalukane Bonilem. Kang Mitro mung manthuk.
Wong
loro kethimik-kethimik banjur padha mlaku ngidul, ora kandhahan, kabeh padha
ngumbar ati karo pikirane dhewek-dhewek.
Mbuh apa sing padha depikir lan mbuh apa sing padha derasakna. Ningen
ora suwe kaya kuwe, si Bonilem nyawel pudhake kang Mitro maning. “Kang kae ana
rubung-rubung neng emper toko, ana apa kae, mayuh padha melu ndeleng” jalukane
si Bonilem.
Wong
loro banjur githir mereki wong-wong sing lagi ngrubung wong lanang turon sikile
kejet-kejet, cangkeme metu umpruke. “Anu kenang apa si kuwe Min?”, babah sing
duwe toko takon maring pegawene sing lagi nulungi. Krungu juragane takon kaya
kuwe, wong sing deundang Min kuwe ndhengangak karo semaur: “Anu kenang sawan
gan”. (Gan maksude juragan). Si Bonilem sing biasane apa-apa detakokna siki ora
takon babar blas, mung nyathet mbuh apa sing detulis neng cathetane.
Mbareng
wong sing kenang sawan wis emut, wong-wong sing ngrubung ndeleng padha bubar,
lunga mbuh maring ngendi baen. Semana uga Bonilem karo kang Mitro, nerusna laku
maring ngidul. Lagi pirang langkah, genti kang Mitro sing nabok pundhake
Bonilem karo takon: “Ko si miki nyathet apa, ketone koh wigati nemen, jajal
ngeneh inyong tek melu maca”.
“Nyah kiye, anu ora
rahasia ikih” wangsulane Bonilem karo aweh cathetane. Mbuh apa sing detulis
Bonilem, tapi kang Mitro cekakan mbareng maca tulisane Bonilem. “Kiye salah
tulis kiye” komentare kang Mitro. “Kudune ora degandheng kaya kiye, angger
degandhen onine dudu sawan gan tapi dadi sawangan”. “Tapi ora papa lah ya kang,
wis kebanjur si” semaure Bonilem. “Iya ora papa, malah apik kuwe nggo jeneng desa
kene baen Sawangan”. Bonilem acung jempol banjur padha salaman kenceng.