Minggu, 16 Juni 2013

RUJAK ULEG

Rujak uleg… rujake wong lagi pileg
dhelag-dheleg sirah mumet jalaran nyaleg

Ngalam dunya werna-werna kahanane, jerene
melu nyaleg tanpa modhal, gela atine
utang dhuwit nganah-ngeneh bingung nyaure
saking jengkele detinggal lunga karo bojone ....

Kopi susu ilang kopine kari gelase
Awake lesu nyalege gagal entong bandhane

Ngalam dunya werna-werna kahanane, jerene
mobil bablas, ana motor langka surate
utek setres, anak bojo ra dipikir butuhe
salah salah, malah bubrah rumah tanggane ....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar