Jumat, 07 Juni 2013

TLEMBUK POLITIK


Jamane siki wis owah
akeh wong sing pikirane melu owah
wong tuwa kaya bocah
sing bocah kaya wong wis umah-umah
bubar sekolah ora bali ngumah
malah munggah lor Rempoah

Jamane wis kewalik
dadi pikirane wis padha molak-malik
Neng negara republik
akeh rakyat cilik sing padha kecelik
kampanye ndakik-ndakik mung nggo taktik
pejabate melik dunya utawa dhingklik

Sejen maning neng dunia politik
isine wong pating pendelik
njabane meneng jeroane kebek sirik
wong liya ora ana sing becik
kesenggol sethithik langsung mrekitik
becik dekritik salah langsung decuthik

Ana maning tembung tlembuk politik
ora tuwa ora enom ora gedhe ora cilik
agama deglethakna genti ideologi politik
tasbeh semeleh, genti koin mirip benik
jujur wis kabur, nglombo deanggep becik
ora ketang adol kutang mambu tengik
sing baku kudu tetep olih dhingklik

Tlembuk politik ana neng kabeh panggonan
sekang kota gutul karang perdesan
sekang tingkat pusat gutul RT RW utawa kelurahan
neng pinggir dalan uga neng kantoran
neng penginepan uga neng warung makan
tuwuh kaya jamur neng mangsa rendhengan
mligine angger meh coblosan …..


2 komentar:

  1. Setan-setan politik kan datang mencekik
    Walau dimasa pacekik tetap mencekik

    Apakah slamanya politik itu kejam?
    Apakah selamanya dia datang
    'Tuk menghantam?
    Ataukah memang itu yang sudah
    Digariskan?
    Menjilat, menghasut, menindas
    Memperkosa hak-hak sewajarnya

    Maling teriak maling sembunyi balik
    Dinding pengecut lari terkencing-kencing
    Tikam dari belakang lawan lengah
    Diterjang lalu sibuk mencari kambing
    Hitam

    #IF_SUMBANG

    BalasHapus