Senin, 22 April 2013

KALI NENG TENGAH KOTA



Kuwe wis kersane Gusti sing banget ing asih
tas … tes … tas … tes …tirta tumetes remesep mlebu bumi
njalari tetuwuhan tuwuh ora ewuh utawa pakewuh
ijo royo-royo
kaya prawan gingsul se sisih mesem rembesing madu
sinungging Gusti resep ing pandulu … endah sinawang

Uga wis kersane Gusti,
banyu mili liwat grujugan karo kedhung
mili bening neng kali mlebu wangan kemricik tanpa berisik
kaya ula nlosor, adoh parane njajah desa se nagara
mlebu metu neng pomahan, sawah, tegalan utawa blumbang
gawe leganing penggalih pra among tani sarta sadaya warga

Matur nuwun Gusti
awit paring Gusti kula saged ngombe lan neda
awit paring Gusti kula saged reresik salira lan busana
tanpa toya kawula boten saged punapa-punapa
matur nuwun Gusti

Ananging Gusti … punapa inggih kersaning Gusti
teng satengahing kota toya bengawan sampun gentos raos
teng satengahing kota toya bengawan inggih malih rupi
lumut lan suket sampun ngumpet rapet
mina sirna saka toya
bena teka sak mangsa-mangsa

Gusti … punapa inggih kersa paduka
kanca kawula manggen tepining lepen lan kalen
ngandap brug kados kraton tanpa ratu
toya jawah dawah kathah … bena teka tanpa aba-aba
wisma sarta raja kaya sirna sak nalika

Kanjeng Adipati lan bapak Wali asesanti
“Kota kita kota Adipura ………
bantaran bengawan bebas gelandangan,
kota tanpa segala tuna”

Loyo tanpa daya
kanca-kanca kedah kesah pindhah
luh deres nelesi pipi tipis gering tanpa daging
sikil mlangkah se langkah se langkah
minggir saking pinggiring …………
kali neng tengah kota

Purwokerto, 22 April 2012
Hari Bumi Sedunia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar