Jumat, 19 April 2013

Gendera Gudrah Getih



Neng desane inyong ana wong tuwa jeneng nini Kasih
umure watara wolung puluh punjul semendhing
rambut putih mumpluk, mlaku thuyuk-thuyuk
sing weruh ora nylinguk apa dene manthuk
senajan gemiyen dadi kembang lambene wong sedesa.
Tahun patang puluhpatan,
akeh bujang, ora Jawa ora Jepang padha ngudang
ningen teyenge mung nyawang ora ketang sepenginang
tekade Kasih, melu berjuang, milih melu mlebu palang abang.
Ora pilih kasih, Kasih kanti ati kang asih
nulung pirang-pirang korban perang
ora wedi pelor, ora wedi getih, ora tau krasa kesel
ora kober dandan, apa maning duwe gendakan
Tahun seketan
negarane wis merdeka, si Kasih balik ndesa
lagi ngerti lamona rama biyunge wis ora nana
depateni Landa jalaran Kasih dadi mata-mata gerilya
Kasih mung nlangsa ..... tumbal negara merdeka.
Tahun sewidakan
Kasih tetep ora mangan sekolahan,
Kasih dadi buta aksara alias ora teyeng maca
ora ngerti tur ora teyeng cara ndaftar legiun veteran
mulane Kasih ora olih pensiun apa maning tunjangan
Oh .... kasih .... an.
Dina Senen winginane, pitulas Agustus
esuk-esuk tangi gasik, terus adus
nyekel gendera abang putih, sing gudrah getih
arep depasang, jebule wis ora kongang
atine nlangsa, sedhih, perih
ora teyeng ngormati Kemerdekaan Indonesia.
Siki, merdeka wis wolung windu
Kasih, kembang desa wis dadi nini-nini kari ngenteni pati
nini Kasih manggon umah madhep ngidul kulon kuburan
kiblat papat, saka papat kabeh decagak kon madan jejeg.
Perjuangane, uripe, mangane, ora nana sing weruh lan aruh-aruh.
Kiye jamane wis owah,
apa awake dhewek sing salah.

Purwokerto, 25 Agustus 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar