Kamis, 09 April 2015

BALE TIKELAN



Jaman gemiyen daleme eyang inyong kuwe ana balene. Bale tikelan maning marahi dadi daleme keton gedhe pisan. Kayong keton madan merbawani, tapi ora medeni. Meh saben bengi ana dhayoh, lan dhayohe kuwe seringe ya ora mung siji tapi malah kaya rombongan. Mbuh apa sing padha decrita utawa derembug inyong bocah ora ngerti. Mung sengertine inyong wong-wong padha ngomong jere eyang inyong kuwe dadi lid.
Ora kalah karo wong tuwa, inyong karo putu-putu liya utawa karo kanca batir ya seneng dolanan neng kono. Angger sore, lewih-lewih angger udan sore, inyong sekanca-batir pada dolanan neng balene eyang. Bocah lanang wadon padha dolanan bareng. Seringe dolanan gobag padon, rame pisan awake nganti padha kringeten. Bocah siji manggoni saka siji, gentenan balapan nggoleti saka sing urung dadi panggonan bocah liyane.
Bale tikelan pancen pas nggo dolanan gobag padon merga sakane pirang-pirang. Ana saka guru sing ana 4 gunggunge, saka rawa ana 12 karo biasane ya ana saka emper sing gunggunge ana 12. Dadi umah tikelan sing gedhe kuwe sakane kabeh ana 28 saka. Kadhang-kadhang jubin neng nggon saka-saka kuwe dhuwure ya beda-beda, Neng nggo saka guru paling dhuwur, lan nggon saka emper sing paling endhep, Ben sakane ora gampang depanga rayap, saben sikil saka depasang umpak watu.
Saka guru sing panggonane neng tengah-tengah wangunan, ukurane ya paling gedhe uga debandhingna karo saka-saka liyane, lan saka emper kuwe sing ukurane paling cilik. Saka guru sing ana 4 (papat) kuwe bagian ndhuwure degandhengna nganggo balok tumpangsari, sing detumpang siji karo sijne. Neng pucuke degawe gowakan ben padha cokot-cokotan antara balok siji karo sijine. Neng dhuwur balok tumpangsari depasang bolok pengeret nggo lungguhan balok andher, sing pucuk andher kuwe nggo papan balok molo. Inyong ora ngerti kenang apa pendapa bupati karo pendapa wakil bupati ora ana molone.
Balok tumpangsari sing mujur ngiwe-nengen biasane lewih dawa ketimbang balok tumpangsari sing mujur mengarep-mburi. Balok tumpang sari sing gunggunge bisa 12, 16 utawa 20, gemantung kahanan ekonomi sing duwe umah. Balok tumpangsari pancen degawe abot merga nggo bandhul saka ben leweih kekeh, ora gampang owah mingser, utawa dhoyong (stabilitas bangunan).
Dene saka rawa utawa saka emper siji karo sijine degandheng nganggo penglari yakuwe penglari saka rawa karo penglari saka emper, lan antarane penglari saka rawa karo penglari saka emper neng saben padon degandhengna karo kayu/balok dudur.  Ben sakane bisa ngadeg jejeg karo sambungane maring penglari kuwe dadi kekeh, kuat, saben saka desogi siku sing saben sakane ana rong siku. Mulane jaman gemiyen cokan ana capean utawa bedhekan “kaji kuro” sing maksude “saka siji sikune loro”.
Wangunan bale tikelan biasane payone kuwe arupa payon rangken utawa empyak (atap bidang) dudu payon usuk (atap kerangka), senajan rangken (empyak) kuwe ya degawe sekang usuk sing dedhempet-dhempet derangkai lan depleped nganggo reng lan dejiret nganggo duk. Mulane angger balungan (kerangka bangunan) wis ngadeg jejeg lan decagaki, rangkene terus deunggahna lan depapana. Dari ora usuk depasang cur seler depaku neng penglari. Bar kuwe tembe seng utrawa gendheng deunggahna lan depasang rapet ora borot nggo nutupi wangunan kuwe ben ora gampang bodhol utawa rusak.
Babagan pager, bale tikelan umume kuwe wangunan bukakan. Maksude biasane bagian ngarep kuwe bukakan alias ora nganggo pager, malah sering uga ora nganggo lawang. Dene sisih kiwe lan/utawa tengen biasane pager separo dhuwur sing sering desebuk “khek”. Kanti kaya kuwe njero bale tetep bias padhang lan angin sekang jaba teyeng mlebu-metu, mulane neng jero bale hawane tetep seger.
Kanti ndeleng kahanan sing kewaca neng ndhuwur kuwe mau wangunan bale tikelan ngemu perlambang lamona:
1.    bale tikelan kuwe arupa panggonan utawa wadhah kanggo musawarah utawa kena dearani ketemune pemimpin karo sing depimpin, ndhuwuran karo ngisoran utawa manunggaling kawula lan gusti utawa gusti lan kawula;
2.   balungan wangunan (saka, penglari, tumpangsari, andher karo molo) perlambang warga masarakat sing beda-beda tingkatan lan tanggungjawabe;
3.    penglari, tumpangsari, andher, karo molo perlambang penggawa/pamong sing kudu teyeng nggandhengaken warga siji karo sijine ben dadi sawijining kekuatan, lan molo lambang pimpinane;
4. empyak utawa rangken karo tutupe (seng, gendheng utawa liyane) nglambangna pamrentahan sing kudu bisa ngayomi kabeh wargane, klebu para penggawane, sing ora kena nganti borot, merga angger borot bisa marahi dadi ngrusak lan nyuda kekuataning masarakat.
 Masang balok tumpangsari

Joglo (Jogjakarta)




Tidak ada komentar:

Posting Komentar