Inyong
egin kelingan. Jaman gemiyen, dhong inyong egin dadi bocah detukokna dolanan
kudhi cilik. Kudhi cilik dudu kudhi-kudhian. Kudhi cilik kuwe ya pancen kudhi
sing degawe sekang wesi, angger deasah ya kena nggo nyacag, tapi angger kudhi-kudhian
kuwe barang dudu kudhi tapi wujude memper kudhi, bisa degawe sekang kayu, kaya
kudhine Bawor neng wayang wong.
Kanggone
wong desa, kudhi kuwe dudu barang aneh, wong neng dsa ya egin gampang nemoni
wong nganggo utawa duwe kudhi. Beda karo neng kota apa maning neng daerah
seliyane tlatah Banyumas, nggolet wong sing ngerti apa kuwe kudhi kayonge wis
angel pisan nemune, mesthine kejabane neng pasar.
Akeh wong
sing ngarani kudhi kuwe senjatane wong Banyumas. Sejatine kudhi kuwe dudu
sejatane wong Banyumas, tapi salah sijin pedhama utawa alat kerjane wong
Banyumas. Dene senjatane wong Banyumas kuna kuwe arupa penthungan, sing bisa
degawe sekang penjalin, ruyung utawa galih asem, sing jaman siki penthungan
kuwe degawe sekang karet, dadi pentungane pulisi utawa satpam. Dadi senjatane
wong Banyumas kuwe ora mateni, mung nglumpuhaken, merga sing biasa depenthung
(biasane maling) kuwe dudu sirahe ningen gares sikile.
Angger
dedeleng sekang sejarah, kit jaman kuna makuna kudhi wis denggo nggo ala kerja
neng masyarakat Jawa kit Jawa kulon gutul ngetan neng Jawa wetan, kanti sebutan
sing beda-beda ningen wujude meh padha ya kuwe mblendhuk neng tengah, kaya wong
wadon lagi meteng tuwa kae. Nganti seprene wong Banyumas egin nganggo kudhi
nggo pedhama, senajan neng tlatah sejen wis langka sing nganggo kudhi kuwe.
Inyong
egin kelingan, gemiyen dhong egin dadi nom-noman saben dina Ahad Pon inyong
duwe tugas kon ngetutna paman Wiryani, ngrewangi met klapa neng kebon karo neng
sawah. Inyong tugase ora kon menenk wit klapa, mung kon nuturi karo ngumpulna
klapa-klapa sing depet neng man Wiryani. Man Wiryani kuwe tukang ngrumat wit
klapa sing wis kondhang neng desa inyong (Pabuwaran). Gole ngreseki ya bersih,
pinter milih klapa sing tuwa. Dene pedhamane man Wiryani kejaba andha, ya mung
kudhi, ningen kudhine man Wiryani kuwe beda karo kudhine wong-wong liyane.
Kepara lewih cilik, landhep merga saking awete lan sering deasah neng wungkal,
dadi angger nggo menclas apa-apa kayong gampang pisan.
Kudhi sing kumplit, wujude ana 4 (patang) perangan yakuwe:
gaman, garan, karah, karo kethoprak.
1. Gaman, degawe saka wesi sing
delapisi utawa desepuh waja ben angger deasah dadi landhep. Bagian gigir utawa mburine lewih kandel
ketimbang bagian ngarepe. Bbagian mburi kepara lewih lempeng ketimbang bagian
ngarepe, sing ana blendhukan utawa lengkung karo lancip bagian pucuke, Bagian
sing mblendhuk biansa nggo nyacag utawa nugel barang-barang sing kepara atos
lan gedhe. Bagian sing lebkun neng ndhuwur blendhukan biasane nggo ngoyoti
utawa ngirat barang-barang sing lemes (tali) dene bagian pucuk sing kepara
madan lancip biasane nggo gaweni lubang utawa bolongan. Bagian mburi utawa
gigire sing kepara lewih kandel kuwe biasa nggo nggethik utawa nuthuk barang
sing atos ben pecah. Bagian gigi krpara nduwur cokan ana bolongan cilik sing
ukurane beda-beda ngemu maksud kena nggo njongket (ngungkit) endhas paku.
Bagian sekang gaman sing cilik lancip neng bagian ngisor jenenge paksi biasa
nggo sambungan karo garane.
2.
Garan, degawe sekang kayu sing madan
atos, degilig madan dawa maksude nggo cekelan. Ben ora lunyu cekelane biasane
garan degawe ora polos, ningen degawe rigik-rigik alus. Paksi gaman detancepna
maring garan kanti kenceng, ora gampang oklek angger nggo nyacak utawa
nggethik.
3.
Ben garane ora gampang pecah merga
deiseni paksi gaman, neng pucuk garan dewei karah sekang pipa wesi.
4. Kethoprak kuwe wadhah kudhi, sing
cakerise ya warangkane. Kethoprak degawe
saka kayu kaya blabag sepasang (rong lebar) degowaki gowakane deadhepna terus
degandheng dadi siji (depaku). Kethoprak dewei tali nggo njiretna kethoprak
kuwe neng beyekan, Angger degawa mlaku obahing kudhi nabraki kayune dadi moni
kethoprak-kethoprak.
Kanti ndeleng kahanan sing kesebut ndhuwur kuwe, jelas
lamona kudhi kuwe dudu senjata utawa alat perang, ningen arupa pedhama utawa
alat kerja tradisinonal Banyumas sing serba-guna, nggo nggarap pegawean apa
baen, kasar alus utawane gawe bolongan ya teyeng.
Harian Banyumas, Kamis Kliwon, 16 April 2015
Inyong duwe yang
BalasHapusAlhamdulillah .. dewet-wet aja nganti ilang ya mas .. kuwe berarti mas Rizki melu nguri-yri budhaya dhewek ....
HapusKatur sembah sungkem dhumateng Eyang Nardi....
BalasHapusKerareng matur menawi kirang mranani wonten penggalih eyang sederenge kula nyuwun pangapunten....
eyang... menawi keparing kula kepengin sanget ngopi postingane eyang niki babagan kudhi.. badhe kula posting teng blog kula...
sedurung-derenge kula ngaturaken gunging manuwun sanget. yang.
cekap semanten atur kawula...
klilannn....
Mtrnwn eyang Nardi..
BalasHapusUlar2e Babagan.kudi
Pancen bener nek kudu kue Dudu Senjatane wong Banyumas mung Gaman nggo piranti Nyambet Gawe sewernane ..sing esih hubungane Karo gawean cacag mencacah..
NEK SENJATANE WONG BMS KUE SING ARANE..UJUNGAN..GEMIYEN ENYONG SEKOLAH NENG SMEA BMS SANDING ASRAMA 405 KUE GAWENE NONGTON PERTUNJUKAN UJUNGAN...SING MAIN WONG BMS SOMAGEDE KANDING..KUE MEH BEN TAUN ANA GEMIYEN.
BENER EYANG NARDI SING NGGO SENJATA ROTAN..NGGO GEBUG2AN KADANG YA ANA SING KENA DEGEBUG ORAPAPA KADANG YA KUR LOMBOAN NGGEBUGE TAPI YA JENENGE BAE PERTINJUKAN NGGO NGURI URI BUDAYA BMS DEWEK..BEGITU EYANG NARDI LAN SEDULUR BMS YAA
.KUR JAMAN SEMONO LANGKA HO DDI ORA BISA MOTREK ENYONG..HE HR HE
MTRNWN ..
KELILAN
TTD
KAYIME