Rabu, 29 April 2015

Mesjid Nur Sulaiman

Critane Eyang Ratmini Soedjatmoko-Gandasubrata

Neng sebelah kulon alun-alun Banyumas, ana mesjid tua. Masjid Besar Nur Sulaiman. Miturut crita, mesjid mau degawe bareng karo umahe Bupati Banyumas sing kaping pitu, Yudanegara II, watarane taun 1725-1743. Dadi uga bareng karo Pendhapa Si Panji. Sing mandhegani gawe mesjid mau kuwe Demang Gumelem Daiman. Juru dakwah sing ngawali yakuwe Nur Sulaiman, mula banjur denggo nggo aran mesjide.
Nalikane Blabur Banyumas (1861) kaya dene payone Pendhapa Si Panji, payone mesjid uga denggo ngungsi. Agi nembe deplester, banjur taun 1929 deganti nganggo tegel kembangan sing apik. Neng kana uga ana "mihrab" sing biasane nggo bupati.
Liyane kuwe uga ana bedhug sing ukirane apik kumplit karo rangkane. Neng bedhug mau ana ukiran taun gawene, sing nudhuhna taun 1312 H.
Masjid Nur Sulaiman deapiki taun 1998. Tegel warna-warni, mihrab, mimbar, karo bedhuge tetep deuri-uri, ora deganti.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar