Kamis, 09 April 2015

KAPAN DINA ADEGE KABUPATEN BANYUMAS




Wis madan suwe kapan dina utawa tanggal adage Kabupaten Banyumas ora kekrungu neng pocapan pedinan. Ningen dina mburi-mburi kiye bareng karo rencana pengetan dina adage Kabupaten Banyumas babagan kapan dina utawa tanggal adage Kabupaten Banyumas molahi keprungu. Inyong seneng merga para nom-noman uga padha takon babagan kuwe. Kuwe mertandhani lamona para nom-noman wis padha nggatekna maring sejarah Kabupatene dhewek.
Dina Senen Wage, 16 Maret 2015 esuk, dhong ngrembug acara Hari Jadi Kabupaten Banyumas neng ruang Salon Kabupaten Banyumas, inyong wis usul, kayane sejrone pengetan hari jadi tahun 2015 kiye, panitia perlu nganakna sarasehan dina adege Kabupaten Banyumas. Mung sayange pak Bupati ora nanggapi usulan inyong kuwe.
Dina Rebo manis, 18 Maret 2015 kiye koran-koran Purwokerto amot kabar lamona Eksekutif karo Legislatif Kabupaten Banyumas wis serujuk netepna tanggal 22 Februari dadi dina Adege Kabupaten Banyumas utawa Hari Jadi Kabupaten Banyumas, sing ora suwe maning arep degawe Peraturan Daerah utawa Perda.
Miturut penemu inyong, Dina adege (hari jadi) Kabupaten Banyumas karo dina jumenengan (penobatan) Adipati Wargautama II (Jaka Kahiman). Dene tanggal 22 Februari kuwe detemokna neng Prof. Drs. Sugeng Priyadi, M.Hum, neng naskah Kalibening, sing desimpen neng Museum Kalibening Desa Dawuhan Kecamatan Banyumas. Neng naskah kasebut jerene detulis lamona neng dina Rebo Pon sore, tanggal 27 Puasa taun Jawa 1490 Jimakhir R. Jaka Kahiman ngadhep Sultan Pajang.lan detetepna dadi Adipati Wirasaba kanti asma Wargautama II, nggenteni rama mertuane Adipati Wargautama I sing wis seda sedurunge.
Miturut petungane Prof. Sugeng Priyadi, tanggal 27 wulan Puasa taun Jawa 1490 kuwe tiba pas tanggal 22 Februari 1571 Masehi. Ningen angger tanggal 27 wulan Puasa taun Jawa 1490 kuwe delembokna utawa deetung nganggo Kalender Ramalan Haroskop Jawa versi 2.0 ketemu dina Kemis Wage tanggal 5 Maret taun 1571. Ningen perlu dadi pengerten kita lamona dhong taun 1752 ana kedaean sing disebut “Misteri Hilangnya 11 Hari Pada Bulan September Tahun 1752” utawa “Keanehan Ilange 11 Dina Neng Wulan September Taun 1752”. Neng internet akeh blog-blog sing amot tulisian babagan keanehan kasebut. Kanti ngurangi 11 dina mundur sekang tanggal 5 Maret 1571 arep ketemu tanggal 22 Februari 1571 sing klop utawa cocok karo petungane Prof. Sugeng Priyadi kuwe. 
Angger dedeleng mung saka dina Jaka Kahiman detetepna dadi Adipati Wirasaba kuwe pancen bener alias ora kleru, ya kuwe tanggal 22 Februari 1571. Ningen angger tanggal kasebut kuwe detetepna dadi dina adege (hari jadi) Kabupaten Banyumas kayonge koh kurang pas wara. Inyong mesthekna lamona neng layang kekancingan sekang Sultan Pajang wektu semana secara ukun ora nyebutna Jaka Kahiman kuwe dadi Adipati Banyumas ningen Adipati Wirasaba.
Kejaba kuwe dhong Adipati Wargautama II ngrembug (karo sedulur-sedulure) arep mbagi-mbagi tlatah Kadipaten Wirasaba nggo sedulur-sedulure sing cacahe ana papat (4) kuwe ora pas neng dina kasebut, ningen neng dina liya sewise kondur neng Wirasaba maning. Senajana kaya kuwe neng patang tlatah bagian kuwe uga ora kasebut jeneng tlatah Kadipaten Banyumas, merga pancen wektu semana urung ana desa sing jeneng Banyumas, anane jeneng kali Banyumas.
Miturut crita sing ana lan sing tau tek kungu utawa tek waca tlatah Wirasaba debagi papat kuwe: (1) tlatah Banjar Pertambakan nggo Kyai Ngabei Wirayuda; (2) tlatah Merden kanggo Kyai Ngabei Wirakusuma; (3) tlatah Wirasaba kanggo Kyai Ngabei Wargawijaya, lan (4) tlatah Kejawar kanggo Adipati Wargautama II dhewek. Gandheng Adipati Wargautama II mbagi tlatah Wirasaba dadi patang bagian, mulane Adipati Wargautama II uga ketelah Adipati Mrapat.
Jeneng Kadipaten utawa Kabupaten secara resmi dadi pocapan kuwe molahi tanggal 1 November 1830, nalikane De Sturter tetepna dadi Residen Banyumas sing sepisanan. Residen De Sturter uga netepna 5 tlatah kabupaten ya kuwe:
1.  Kabupaten Banyumas mbawahi tlatah: Banyumas, Adireja. Purworejo Klampok;
2.  Kabupaten Ajibarang mbawahi tlatah: Purwokerto, Ajibarang, Jambu, Jatilawang;
3. Kabupaten Purbalingga mbawahi tlatah: Purbalingga, Sukaraja, Kertanegara Bobotsari, Cahyana;
4. Kabupaten Banjarnegara mbawahi tlatah: Banjar, Singamerta, Leksana, Batur, Karang-kobar,
5.  Kabupaten Dayeuhluhur mbawahi tlatah: Majenang, Dayeuhluhur, Pegadingan, Jeruklegi.
Taun 1935 Pemrentah Landa merga kekurangan dhuwit nggo mbayar pegawene, mulane mbusek pemrentahan Kabupaten Purwokwerto, degabung dadi siji karo Kabupaten Banyumas, dejenengi Kabupaten Banyumas. Kapetung molahi tanggal 1 Januari 1936 Karesidenan Banyumas mung mbawahi tlatah 4 kabupaten ya kuwe Kabupaten-kabupaten: Banyumas, Cilacap, Purbalingga karo Kabupaten Banjarnegara, sing ambane tetep kaya sedurunge ana gabungan rong kabupaten mau. 
Kahanan kaya kuwe mau lemaku gutul tanggal 8 Agustus 1950, saat detetepnane Udang-Undang No. 13 tahun 1950 tentang Pembentukan Kabupaten di Lingkungan Provinsi Jawa Tengah, sing jelas klebu Kabupaten Banyumas, sing egin denggo gutul wektu sekiye. Tapine angger debandhingna antarane peta Karesidenan Banyumas jaman pemerintah kolonial Belanda karo peta Kabupaten Banyumas sing denggo siki jan keton beda pisan merga tlatahe ya pancen akeh sing wis derobah decocokna karo kahanan.


Mangga arep depilih sing endi tanggal adage Kabupaten Banyumas, arep sing paling tua tapi ora cocok karo kahanan, apa sing asal nyebut Kabupaten Banyumas, apa sing paling enom tapi paling cocok karo kahanan sing senyatane.


 Peta Karesidenan Banyumas jaman Landa

Peta Kabupaten Banyumas jaman siki




Tidak ada komentar:

Posting Komentar