Kamis, 30 Mei 2013

JAMANE WIS OWAH



Jaman gemiyen ……………..
Mangsa karo, terang sore bubar asar
neng lapang bujang pirang-pirang ngunda layangan
adine tembangan .... “cempe, cempe undangena barat gedhe tek upahi banyu tape, selodhong sepane ora entong nggo bapane” …… srubud srubud ……
Bolah gelasan … deulur .... dhuwur ………. nggo sangkutan.
Pedhot siji nggo rebutan, kleyang …. kleyang …. temangsang pucuk pucang. Penjorangan.


Padang wulan, bocah dolanan rame pisan
sing cilik jamuran, sing gede gobag sodor, cowongan utawa jonjang umpetan
lanang wadon, usrek umpetan neng dapuran gedang mburi pedangan… Aman.
Bubar gobag, njlog-njlogan, neng tanjlig kali kidul desa
baline, mburak batire …. sing dhisit dadi lebe, sing keri kethok gulune ….
Bocah wadon padha keweden.


Nganti sekiye inyong urung kelalen alias esih kelingan,
saben bengi ramane rengeng-rengeng karo kedhengan neng risban,
biyunge neng senthong ndongeng.
Ana …… ana baen sing dedongengena.
Wingi ndongeng kancil nyolong timun, siki timun emas utawane keong emas
ngesuke maning lutung kesarung, ngembene ndongeng ragil kuning,
ana …… ana baen, ora bakal kentongan dongengan.
Embuh rampung embuh urung dongenge si biyung
esuk umun-umun awak atis, kathok ngecepoh ....... ngompol.
Sekiye jamane wis owah, papah mamah arang neng umah
bujang tanggung tengah wengi nyetel tivi
remot detenet-tenet, “lah ini diye” acarane
mripat merem melik, lambe mesam-mesem .... ler angler terus keturon
jam papat gagat esuk, kaget, ….. aduh ...... kudu wuwung kiye. Mbengi ngimpi.
Jaman gemiyen …… belik bening, kali mili, song bolong, blumbang pirang-pirang
pinggiran irigasi, gili cilik kena nggo playon utawa pit-pitan
neng kali lele, lenthis, benter apa dene iwak wader pating sliwer
regem olih melem, mancing olih uceng, nyeser olihe mujaer
nyirib kena nggo urip, sarap madhang nyore ora kurang gorengan
Jamane siki wis owah, alame ya melu baen
udan salah mangsa, ora beda terang apa rendhengan, mangsa telu apa wolu
banyu kali ora mili, banjir bandang ora nyawang, teka sekayang-kayang, 
uceng, urang watang utawa kunang, manuk pudhang padha ngilang,
dok, blekok karo gaok mogok ora ngendog ….. wedi mbok degodog
Runtah mambrah-mambrah neng dalan ngarep umah malah terus tambah
Jamane wis owah …..
Anak polah bapa kepradhah,
bapa polah malah anak demamah …… ora nggenah
Duh Gusti Allah …
Jamane mpun ewah ….. napa kula sing salah,
kula sagede mung pasrah.

Purwokerto, 18 Juli 2006

1 komentar:

  1. Jan pancen pinter Eyang Nardi,sedilit maning kaya Eyang Subur ... tobat, tobat, Gusti Allah nyuwun ngapura...aja ngantilah..

    BalasHapus