Minggu, 05 Mei 2013

STATUS KANG BILUNG SARAWITA

Kiye pancen status sing detulis Kang Bilung neng pesbuk. Padha-padha status tapi status kiye pance maen, beda karo status-status liyane, mulane tek copy-paste neng kene,
Ora percaya .. wis ngonoh dewaca dhewek baen lhah ya ....


Lanang : Sumpah mati nyong seneng banget.
Wadon : Apa rika seneng angger dewek pegatan?
Lanang : Ya jelas ora, rika aja nduwe pikiran kaya kuwe lah
Wadon : Apa rika cinta karo nyong?.
Lanang : Woww .. jelas.. pokoke tak pertahankan nggo selawase.
Wadon : Apa rika tau Selingkuh?
Lanang : Oraa.. Bebeh temen, kotor kaya tembelek lancung.
Wadon : Apa rika gelem ngambung aku???
Lanang : Ya..
Wadon : Oh mamasku sayaaang

Katone kandahan nang nduwur Romantis banged ... jajal macane diwalik sekang ngisor meng nduwur.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar