Sabtu, 25 Mei 2013

TANCEP KAYON

Ujaring kandha para pujangga winaskita,
pakeliran wayang pralambang tiyang ngagesang
kapurwanan mbabaring si jabang bayi
tumekeng pati kangge mungkasi.

Blencong gumantung minangka surya sumbering ngaurip
kelir mori putih gumelar kadya jembaring angkasa
gong bonang gambang kendhang kumandhang binarung tembang
lambang paugeran gesang ing alam padhang
nata titah Gusti pamrih laku lugu saeka karsa.

Dhog ..... dhog-dhog-dhog ..... drodhog ..... dhog
sak ngandhaping blencong padhang pindha sunaring baskara
ki dhalang kondhang lenggah gagah angedhangkrang
cempala kajepit jempol suku kanan,
asta kiwa nothok kothak paring sasmita mring pra niyaga
pratandha sampun kawiwitan pakeliran ringgit purwa.

Gancaring cinarita
Rahwana raja Ngalengka, kang suka nata, wanita, lan arta
anyulik Shinta kang melik kidang lan kencana,
agawe sengsara para kadang lan kawula sak nagara
nom-noman nama Anoman ngobong Ngalengka sanalika.

Ganti kang cinarita, tunggal panggung beda kang cinarita
Ngasitnapura, pinarintah nata kang adigang adigung adiguna
Sengkuni patih sugih amargi komisi lan kerep korupsi
Kurawa ...... kaluwarga raja kang minangka pamonging negari
datan kena lena “ma lima” kelangenannya
Reformasi ..... sesanti putra putri negari
sang nata lengser lan pinidana saknalika.

Sarining pakem pakeliran ringgit sadalu muput
titah lumampah ing alam dunya ..... becik katitik ala ketara
kalimat, tabiat, shalat, lan taubat umat
datan keliwat sinurat malaikat, kangge sangu gesang ing akhirat.

Pathet sanga ginanti pathet manyura
pratandha wus meh gagat raina
ujaring kandha
pindha cakra manggilingan gesang ing bebrayan
lahir, rabi, rizki, lan pati lir gumanti wus pinasti kersaning Gusti.

Tancep kayon.

 

Purwokerto, 5 Juni 1999


Tidak ada komentar:

Posting Komentar