Senin, 06 Mei 2013

STATUS EYANG NARDI

Ana berita jere gaji PNS arep munggah. Alhamdulilllah .. Tapi titeni baen ngonoh .. sedurunge gaji PNS munggah, reregan barang kebutuhan pedinan toli wis mundhak dhisit ....
  • Irfan Bahtiar bener yang.. jaannnn Tarsikun tukang becak tuku brambang lombok bawang madan abot tukune.. biasa tuku ngasi rongkilo nggo bojone dodol rujak/lotek siki sekilo be ora genep
  • Ineez Windi · 3 mutual friends
    eyang kasihan buat rakyat kecil'y apa" mahal pendapatan ttp segitu...klu PNS gk masalah ...
  • Atta Atto ujarku,harga kebutuhan pokok karo penghasilan koh kayong ora akur nemen yo...?
  • Lili Put la angger buruh njaluk munggh gji kalih sinten?
  • Irfan Bahtiar Mbasanu mengko rega Kaose melu mundak #DablonganClothing Banyumasan
  • Eyang Nardi : tapi kaya kuwe ya mas Irfan Bahtiar .. wong kana nduwur ora gelem dearani sebagai penyebab kemiskinan ya mas ....
  • Eyang Nardi : angger grungokna omongane para pebawai jerene si pegawai kuwe artine pega wae alias rekasa terus .. kaya kuwe lho mba Ineez Windi ....
  • Irfan Bahtiar Wong Kana nduwur ambek2e ngurusi negara nggoli njawab ya"inyong mbok malah ngrewangi rika ngurusi sa endonesia"
    masa gelema yang dearani kaya kue mau
  • Baldy Patikradja : mundhak; temumpang pundhak... niku depikul napa deingkling Yang...
  • Eyang Nardi : kanggone wong penginyongan tah kaya kuwe lho mas Atta Atto .. tapi kanggone wong sing manggon neng kana ndhuwur sing ora tau mikir erga kebutuhan pedinan ya ora kaya kuwe lah mas ...
  • Eyang Nardi : mba Lili Put .. angger buruh njaluk mundak bayarane .. jawabane ya ..pehaka ....
  • Eyang Nardi : angger kuwe si terserah bakule ya ,, arep detempel neng githok apa neng pundhak ya kena-kena baen lah mas Irfan Bahtiar ....
  • Atta Atto jane apike gaki dundakna ning aja brisik nggih yang,mangke bakul sembako mboten mireng.he...he...
  • Eyang Nardi : ndean-ndean anggepe para petinggi negara kuwe ya mas Irfan Bahtiar .. keuangan negara deurusi neng para petinggi negara dadi ora perlu ngurusi keuangan keluargane rakyat .. ndeane kaya kuwe apa ya mas ...
  • Eyang Nardi : kuwe tergantung barange lah mas Baldy Patikradja .. angger menungsa ya deingkling, tapi angger bangrane barang sing gedhe utawa madan abot ya depikul lho mas ....
  • Darsan Dalang Jemblung muga2 Amin YRA..
  • Irfan Bahtiar naaahhhh nek kaya kue cocok karo impen lho yang.. Kaya neng nggone "LIK SAM" nah Pengangguran be dibayar yah
  • Yudi Setiyadi karena itulah kebanyakan mahasiswa sekarang bercita cita jadi PNS..
  • Eyang Nardi : mbok debungkusa rapet jipet ya mas Atta Atto .. sing jenenge barang bosok .. suwe-suwe ya tetep mambu baen lah ya ...
  • Baldy Patikradja : dados menungsa niku étungané barang nggih Yang... barangé tergantung...
  • Oentoeng Priejono Leres Eyang, berarti asline wong dodolan (pedagang) sing njaluk menange dewek. Yo pedagang gedean tekan pedagang cilik. Luwih2 nek menjelang puasa, lehe nggunggahno rego barang sak penake. Mulane piye arep berkah uripe nek ngono podo sikape.
  • Mardi Mario PNS gajih naik + gaji ke 13 alhamdulillah, sing dagang bisa naikan harga... lah sing dadi buruh, petani, lan liane ... kasihan yg ada... menanggung beban makin berat...
  • Eyang Nardi : angger pak Darsan Dalang Jemblung sing melu munggah gajine ya ngamini .. lha dulur penginyongan kiye sing jan mbaing rekasa .. teyenge ya mung ngusap dhadha ...
  • Irfan Bahtiar Ujarku tah PNS gajieh Ajeg (Pegawai Nusantara Sakti)
     
  • Eyang Nardi : mas Irfan Bahtiar .. pengangguran debayar pemerintah kuwe kan angger pemerintahe wis sugih, wis ora ana korupsi .. lha neng kene .. wong pejabate be egin kepengin terus numpuk dunya brana ,,,
  • Djemawan Prijadi Munggah gajine eyang... gaji ke 13 gaji pokok gaji ketiga belas remu critane kados niku E yang...he he..
  • Irfan Bahtiar he he he kue kue sing gawe kula mangkel... jere Kang Karni Ilyas "angger sing ngawasi karo sing diawasi pada pada korupsi, terus sapa sing arep ngawasi"
  • Eyang Nardi : dadi PNS ya ora ana masalah lah mas Yudi Setiyadi .. asal PNS sing profesional .. aja mung nggo gagah-gagahan .. kelalen maring asale ....
  • Eyang Nardi : secara fisik ya barang lah mas Baldy Patikradja .. tapi ora sembarang barang lho mas .... soale kan ana psikhise ....
  • Abash Al Farizi pun mundak mulai saniki ........
  • Eyang Nardi : lha ya ora kaya kuwe lah mas Oentoeng Priejono .. para pedagang kuwe kan sekedar adol jasa distribusi .. angger ora ana pedagang awake dhewek bisa lewih rekasa maning gole memenuhi kebutuhan .. domong sing ora bener kuwe para pengambil kebijakan sing neng kana ndhuwur lho mas ....
  • Eyang Nardi : bener kuwe lah mas Mardi Mario .. para petani, buruh kuwe teyang gawe barang kebutuhna, tapi ora teyeng gawe rega ....
  • Eyang Nardi : lha kuwe inyong ora ngerti lah mas Irfan Bahtiar .. tapi sing jelas PNS kuwe mesthi duwe NIP .. mesthine, apike ya .. Nrima Ing Pandum .. aja banjuran korupsi lhah mas ....
  • Abash Al Farizi yang jadi tumbal masyarakat kecil terus.........
  • Oentoeng Priejono Enggih Eyang, dadi mumet kabeh akhire wong cilikane, hadeh#
  • Eyang Nardi : apa kaya kuwe si mas Djemawan Prijadi .. inyong wong urung pernah dadi PNS dadine ya ora ngerti .. tapi sing jelas, para pegawe rndahan ya tetep padha ngresula lah mas ....
  • Eyang Nardi : kudune si ana waskat alias pengawasan melekat .. ya kuwe melekat neng awake dhewek .. tapi sidane waskat jere dadi .. semakin deawasi semakin nekad .. kaya kuwe lho mas Irfan Bahtiar ....
  • Andrie Heha Hehe ya disyukuri bae yang ....moga2 bae rejekine njlegudag
  • Eyang Nardi : barang2 pedinan tah iya kuwe lho mas Abash Al Farizi .. apa maning angge BBmM sida mundak ya mas .. kayane sengsaya ndedel mundake ya ...
  • Eyang Nardi : tela genah kaya kuwe koh mas Abash Al Farizi .. mulane kepengine dadi wong gedhe ya kuwe ,, ben ora denggo tuumbal ya mas ,,,,
  • Eyang Nardi : lewih mumet maning jalaran ora ngerti apa tambane mumet kuwe ya mas Oentoeng Priejono ....
  • Eyang Nardi : desyukuri si ya pancen teorine kon desyukuri lah mas Andrie Heha Hehe .. tapi carane mensyukuri kuwe kepriwe ....
  • Oentoeng Priejono Hehehehe leres-leres Eyang, sing ora bener kurangnya sejahtera dadi alasan korupsi
  • Eyang Nardi : mas Oentoeng Priejono .. kurange sejahtera kuwe merga ana ketimpangan utawa kesenjangan pendapatan sing gedhe pisan .. secara umum income per kapita pancen dhuwur, tapi sing dhuwur ya dhuwura, sing endhep ya endhep pisan .. lha sing endhep kuwe sing marupakan mayoritas ....
  • Andrie Heha Hehe carane mensyukuri ya gajine di nggo sing bener ora nggo ambrah2an sing ora perlu ... saben bar sembayang aja kelalen matur nuwun maring Gusti Allah wis diparingi rejeki wis diparingi pirang2 kenikmatan dunya sing ora bisa di etung jumlaeh
  • Eyang Nardi : kanggone sing PNS si kayane bisa kaya kuwe lho mas Andrie Heha Hehe .. tapi kanggone wong sing ora duwe gaji .. kepriwe mas .. jajal mas tulung mereka depereki kon teyeng bersyukur maring Gusti Alah ..
  • Parnadi Gmbg PNS naik gaji gak seberapa tp hrg2 naiknya udh "meroket" udh gak "melambung" lg Yang, krn "lambungnya" udh berasa "eneg" hehehe
  • Andrie Heha Hehe Eyang .... aja kewatir Gusti Allah Maha Adil ... kabeh makluk Allah neng jagad alam semesta raya termasuk dunya kuwe diparingi rejeki kabeh sekang kewan kruma tekan gajah sekang parasit nganti wit ringin sing gede pisan ... senajan njukute ora halal kaya maling copet rampok .... kuwe wis ana bagian rejekine dewek2 nganti wong sing ngepleh2 ora bisa ngapa2 bae tesih diparingi rejeki ... sing mesti wong urip kuwe kudu usaha ora mung waton meneng tok .... sing usahane gede utek awak endas tangan sikil kerja kabeh ya mesti rejekine gede sing usahane mung sepele ya rejekine setitik
  • Eyang Nardi : sip lah mas Andrie Heha Hehe makasih wejangane ya mas ....
  • Cornelius Sugeng Gaji munggah paling 20 - 30 % rega barang munggahe 50 - 100%
  • Fery Pq Tesih mending Eyang Nardi,drpd reregan barang kebutuhan pedinan pd mundhak tp gaji PNS Æ ̴̴̴̴̴̴͡Ʀά munggah?lewih cilaka y mbx Eyang Nardi?
  • Eyang Nardi : ngendikane pak kyai jere kon desyukuri baen lho mas Parnadi Gmbg ... kabeh wong wis ana rejekine dhewek-dhewek .. ddi ora perlu iri, ora perlu korupsi .. kaya PNS kae kan wis nduwe IP dadi yapadha Nrima Ing Pandum ,, ora tau padha korupsi ya ....
  • Eyang Nardi : ya desyukuri baen lah mas Cornelius Sugeng .. rega barang2 mundhak .. untunge kan gajine wis munggah juga ....
  • Eyang Nardi : betul be nanggo banget lah mas Fery Pq .. ora perlu mikir nasibe para buruh, tani, pedagang sing ora teyeng ngundhakna gaji ya mas ... sip lah ..
    • Jlitheng Suparman Reregan barang niku pancen cukat-trengginas, Eyang... Lumuh kedhisikan...
    • Ki Demang Suro Nek dadi rakyat masalah rekayasa kuwe biasa .... Soale urip kepenak, mobil apik, duwit akeh kan wis ana sing makili....ya kuwe sing pada tugase makili rakyat....
    • Abiq Sayang jere kon aja getunan, aja gumunan.... biasa baen lah ya....gajieh durung mundK WIA KEDISITAN REGA2 NJABA....
    • Doran Untuluwuk :: kayong apal temen lah....wis pengalaman gajih mundak ping pira sii pak ?
    • Tekad Santos pun krasa yang napa2 larang koh
    • Eyang Nardi : tapi sing kepunthal-punthal kan bangsane penginyongan kiye lah mas dhalang Jlitheng Suparman .. gole ngodhe anu langsung pileg (mipil deleg) tapi ngesuke wis bingung, wis ora cukup maning ....
    • Eyang Nardi : Ki Demang Suro .. tapi cara iklan neng tivi kae .. angger kata "wakil" kuwe debusek kayane ya padha ora gelem ya Ki ....
    • Eyang Nardi : bener kuwe lah ya mba Abiq Sayang .. tekade anu wis kulina ikih ya mba ,, sing seneng ya wis kulina seneng, sing rekasa ya kulina rakasa ya mba ... sip lah ....
    • Eyang Nardi : soal mundhake sepira-sepirane inyong ya ora ngerti ya wong inyong ya ora berkepentingan, tapi melu ngrasakna akibate ya mas Doran Untuluwuk ....
    • Eyang Nardi : tela iya koh mas Tekad Santos .. tapi sing bisa ngrasaka kan mung bangsane penginyongan, sing neng kana ndhuwur ya ora krasa-krasaa babar blas ya .....
    • Eyang Nardi : mas Tekad Santos .. lha apa kaya kuwe si mas .. ujar inyong tah ora kaya kuwe lho mas .....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar